Minggu, 10 Maret 2013


Mahabarata Partawiraya
Sawangsulipun Arjuna saking paprangan panggalihipun karaos sangêt botên sakeca, mila matur dhatêng Sri Krêsna supados andhawuhakên darunaning raos sêdhih ingkang nangsaya ing manahipun. Ing pakuwon katingal tidhêm, mila saya sangêt sumêlangipun, dados lampahipun karikatakên. Kados punapa kagètipun Arjuna, sarêng aningali kang raka lênggah botên ngandika sarta Abimanyu botên katingalan wontên ing ngriku.
Sami sanalika batosipun Arjuna sampun priksa kadospundi kawontênaning lêlampahan, mila lajêng pitakèn dene Abimanyu botên katingalan: kajaba Abimanyu apa ora ana kang bisa angrusak gêlar cakra, môngka aku ora marah ing dhèwèke, kapriye undure manèh sawuse manêmpuh. Apa wong Pandhawa ngatag Abimanyu anglêboni gêlar? Ananging bapa wau botên pêrlu dipun wangsuli, amung lajêng anangisi pêjahing anakipun, sambatipun: mêsthi Abimanyu nalika kinêmbulan dening Drona, Karna lan Krêpa ora anggagas, apa wong tuwaku ora angêntas aku saka têngahing bêbaya iki.
Apa wong Pandhawa utawa wong Pancala ora angayomi bocah cilik iku, apa gêgamane iku mung kanggo pasrèn bae. Wong mau banjur kapriye polahe barêng wêruh Abimanyu mati. Kajawi Krêsna kalayan Yudhisthira botên wontên ingkang purun mangsuli, amargi amung kêkalihipun wau ingkang sabên-sabên tinurut dening Arjuna. Yudhisthira ngandika kadospundi sarêng Abimanyu kadhawahan ngrisak gêlar cakra, kadospundi panêmpuhipun Abimanyu, sarta kadospundi anggènipun sagêd angayomi, nanging kapêksa kanggêg amargi saking cinêgatan dening Jayadrata.
Ing nalika wau Arjuna ambêngok: aku prasêtya, dina sesuk Jayadrata dak patèni, yèn dina sesuk, wanci surup srêngenge durung mati, aku mati lumêbu ing gêni murub.
Sarêng Jayadrata mirêng pawartos prasêtyanipun Arjuna makatên wau, saking sangêting ajrihipun, gadhah pangangkah badhe oncat saking pabarisan nêdya sêsingidan, nanging botên saèstu amargi dipun sagahi badhe sami jinagi dening têtindhihing para wira. Drona ngandika minôngka wangsulan dhatêng pitakènipun Jayadrata, ingkang amêksa-mêksa nyuwun kajawab. Sanadyan Jayadrata tuwin Arjuna ugi sami nampèni piwulangipun, ananging Arjuna ngungkuli piyambakipun, amargi Arjuna manggulang panunggal sarta kapêksa nglampahi sangsara, ananging ingsun mêsthi angayomi sira, apadene angaling- alingi sira, nganti Arjuna ora kawawa miyak.
Ing wêkdal punika Sri Krêsna sangêt anêtah dhatêng Arjuna, dene kasêsa anglairakên prasêtya botên têtarosan rumiyin dhatêng sariranipun. Amargi saking punika para agul-aguling satriya Kurawa nênêm lajêng anjagi Jayadrata kadèkèk ing têngahing pabarisanipun para pinilih, ingkang tamtu botên kenging piniyak. Ananging Sri Krêsna lajêng amêlêng cipta, kadospundi anggènipun sagêd angêntas Arjuna saking kasangsaran. Sri Krêsna dhawuh supados Arjuna dintên benjing enjing ngangge rata sarta dêdamêlipun Sri Krêsna.
Kacariyos Kesawa ngatingali dhatêng Arjuna wontên ing dalêm jaman pasupênan, sawêdalipun saking badanipun wadhag, Arjuna lajêng kaajak dhatêng Kaliyasa, sowan ing Bathara Mahadewa, ingkang cahyanipun sumunar ambalêrêngi. Sri Krêsna kalihan Arjuna lajêng sami mangkurêb ing ngayunanipun. Arjuna pinaringan dêdamêl ingkang angungkuli sadaya dêdamêlipun, kadhawuhan musthi ing dintên enjingipun. Sasampunipun lajêng sami wangsul kalihan suka sokur amargi tamtu badhe manggih unggul.
Enjingipun, dintên paprangan kaping kawanwêlas, Arjuna nilar Yudhisthira, ingkang kapatah rumêksa Sang Sêtyaki, wigatos badhe angupaya Jayadrata, anêtêpi prasêtyanipun. Sakawit kêdah ngrabasèng barisan dipangga, sasampunipun risak lajêng nêmpuh Sang Drona. Sasampunipun sumêmbah ing gurunipun, Arjuna lajêng manrajang amargi Drona pangayomanipun Jayadrata. Sanadyan kadospunapa anggènipun angêtog kaprawiranipun, ewadene Arjuna botên sagêd angundurakên, mila lajêng kapêksa anilar Drona nêmpuh barisan sanèsipun, kaêtut wuntat dening Krêsna, sarta kaayoman sampun ngantos kaprajaya dening mêngsah.
Ing nalika Srutayuda tuwin Sang Amirutayuda anêmpuh Arjuna, suwaunipun Arjuna kasabêt garaning daludag ngantos kalêngêr, nanging lajêng èngêt malih, nêmpuh mêngsahipun ngantos sami lumajêng. Arjuna mandhap saking rata, awit kuda pangiridipun kataton, lajêng ngamuk dharat. Dene Kesawa angguyang kuda ingkang kataton wau, kadi botên wontên ing antawising mêngsahipun. Dupi kapalipun sampun waluya, Arjuna numpak rata malih angrabasèng mêngsahipun, nadyan Duryudana ingkang angrêgêm dêdamêl sarwi matêk môntra warahipun Drona, kalampahan datan busik kataman saliring dêdamêl, ewadene kapêksa oncat.
Salêbêtipun Arjuna riwut pangamukipun, Drona amikud Yudhisthira, kabêkta lumajêng. Kang sudira Sang Satyaki wêkdal punika anglampahi dhawuhipun Yudhisthira supados amêmanuki prangipun Arjuna, sarêng priksa Yudhisthira tinawan dening Drona lajêng anututi. Pangangkahipun kasêmbadan, amargi sagêd angrisak barisanipun Drona, sarta amêjahi kusiripun, mila kapal pangiriting rata ambandhang sakajêng-kajêngipun piyambak, punapadene Bima katingal kêkêndêlanipun ngantos adamêl mirising akathah. Drona ratanipun ginada rêmuk, nanging Drona mancolot saking rata, punapadene Karna sami kapêksa angunduri.
Sawangsulipun Drona tuwin Karna lajêng wiwit gêgêmpuran malih, nalika wau Karna kacêpêng dening Bima, nanging Bima èngêt pangancamipun Arjuna dhatêng Karna, mila lajêng kauculakên. Kawuningana sarêng Bima gêntos kacêpêng dening Karna, ugi lajêng botên pinarwasa awit Karna èngêt dhatêng prasêtyanipun nalika wontên ngarsanipun Dèwi Kunthi, nanging surya sampun ngajêngakên sêrap, môngka sêsanggêmanipun Arjuna dèrèng kalaksanan, amargi Jayadrata tansah kajagi rêmpit dening ingkang sami sagah angayomi.
Saking pangwasaning yoga Kesawa anasapi surya, mila lajêng pêtêng kados sampun sêrap. Jayadrata ingkang rumaos sampun wilujêng mêdal saking pabarisanipun ingkang rumêksa. Arjuna anêmpuh tandanging satriya nênêm ingkang anjagi têmah sami lumajêng, ing ngriku Arjuna mêndhêt sanjata pamungkas, minantran, lajêng kalêpasakên dhatêng Jayadrata, amargi Kesawa pêpèngêt, manawi saking sabdaning bapakipun: sintêna ingkang amêjahi Jayadrata, mugi-mugi sirahipun Jayadrata pêcaha dados sèwu. Inggih asarana jêmparing punika Arjuna anggènipun anugêl guluning mêngsahipun, sarta sinarêngan jêmparing sanèsipun, ngantos sirahipun Jayadrata dhawah ing pangkoning tiyang sêpuhipun, ingkang lajêng mancolot saking kagèt aningali sirahing anakipun dhawah, sarta kalajêng pêjah amargi saking sotipun piyambak.
Makatên wau lêlampahan pêjahipun Jayadrata, dados prasêtyanipun Arjuna sampun kalêksanan. Surya katingalan malih, Arjuna lajêng ambujêng Krêpa tuwin Aswatama ngantos mêdal saking pabarisan. Satyaki sagêd ambuncang Karna malih saking ratanipun. Sanadyan lajêng katungka sêraping surya, ewadene paprangan botên lajêng kèndêl, kalajêngakên prang dalu, sarta botên sami mundur dening pêtênging wanci dalu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar